T E R I M A K A S I H S U D A H B E R K U N J U N G

Thursday, February 13, 2014

lirik lagu syi'ir tanpo waton



Lirik lagu Gus Dur (Abdurrahman Wahid) Syi’ir Tanpo Waton
Lagu dari Mbah kiai Gus Dur yang penuh arti dan makna bagi yang dapat mengerti dan memahaminya…

Astaghfirulloh robbal Baroya
Astaghfirullah Minal Khotoya
Rabbi Zidni ‘Ilman Nafi’a
Wa wa Fiqni ‘Amalan Sholiha

Ya rosullullah salamun ‘alaik
Ya rofi ‘arsyani waddaroji
At fatayyaji rottal ‘alamin
Ya uhay laljudiwal karomi

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
Kelawan muji marang pangeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan…. 2x

Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syari’at bloko
Gor pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro….2x

Akeh kang apal Quran Hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak di gatekne ..
Yen iseh kotor ati akale… 2x

Gampang kebujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho…2x

Ayo sedulur jo ngelaleake.
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhid e
Baguse sangu mulyo matine…2x

Kang aran sholeh bagus atine…
Kerono mapan  sare ngelmune
Laku thoriqot.. lan ma’rifate..
Ugo haqeqot manjeng rasane… 2x

Al Quran Qodim wahyu minulyo
Tanpo di tulis .. iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo…2x
Kumantil ati lan pikiran
Merasuk ing badan kabeh jero’an
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge imam… 2x

Kelawan allah kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakati,, di riyadlohi
Dzikir lan suluk jo nganthi lali….2x

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo najan pas pasan
Kabeh tinakder saking pengeran…2x

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo ngasio
Iku sunnahe  rosul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito…2x

Ayo ngelakoni sekabeh
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqam drajate…2x

Lamun palastro ing pungksane
Ojo kesasar roh lan sukmane
Den gadang allah surgo manggone
Utuh mayite ugo ulese…2x



Oleh : Ahmad Mudzakir

No comments:

Post a Comment